Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat kabangun dening Pangeran Mangkubumi utawa taun 1756 Masehi utawa 1682 ing taun Jawa. Miturut sujarah, anane Karaton Mataram Ngayogyakarta mono ora bisa dipisahake kalawan perjuangane Pangeran Mangkubumi kang sedya nggusah bangsa Walanda saka bumi Mataram.
Miturut perjanjen Giyanti, Karaton Kasultanan Ngayogyakarta dumadi saka separone tlatah Mataram. Karaton Kasunanan Surakarta isih dikuwasani dening Sri Susuhunan Paku Buwana Kaping III, dene tlatah Ngayogyakarta dikuwasani dening Pangeran Mangkubumi utawa Sri Sultan Hamengku Buwono Senopati Ingalaga Ngabdulrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah ingkang Kaping 1.
Sakdurunge ngedhaton ing Karaton Kasultanan Ngayogyakarta, Pangeran Mangkubumi luwih dhisik mesanggrah ana ing Pesanggrahan Ambarketawang, Gamping, Sleman.
Saka Pesanggrahan Ambarketawang, Gamping, Ngarso Dalem sakbanjure wiwit mbangun Karaton Kasultanan Ngayogyakarta ing Pacethokan, desa kang dumunung ing antarane Kali Winongo lan Kali Code. Miturut sujarah, papan iku sakdurunge mujudake pesanggrahan, yaiku Pesanggrahan Garjitawati. Papan iku biasa kanggo papan paleremane keluarga saka Karaton Mataram Surakarta nalika bakal tumuju ing makam Pajimatan ing Imigiri.
Sujarah liya ngandhaake menawa Pacethokan mono mujudake umbul kang ana ing saktengahing alas ringin. Pacethokan dianggep pas dadi karaton merga pas pancer kalawan Segara Kidul, Panggung Krapyak lan Gunung Merapi.
Karaton Kasultanan Ngayogyakarta nduweni bangsal cacah pitu, kang saben bangsale dibatesi dening regol. Enem regol kang tekan saiki isih wutuh iku yaiku Regol Brajanala, Regol Sri Manganti, Regol Danapratapa, Regol Kemagangan, Regol Gadungmlati lan Regol Kemandungan. Karaton Ngayogyakarta uga nduweni alun-alun cacah loro, yaiku Alun-alun Lor lan Alun-alun Kidul.
Karaton Ngayogyakarta uga dikupengi dening beteng, kanti lawang utawa plengkung cacah lima, yaiku Plengkung Tarunasura utawa Plengkung Wijilan ing sisih lor wetan, Plengkung Jagasura utawa Plengkung Ngasem ing sisih kidul kulon, Plengkung Jayabaya utawa Plengkung Tamansari ing sisih kulon, Plengkung Nirbaya atau Plengkung Gadhing ing sisih kidul, lan Plengkung Tambakbaya utawa Plengkung Gondomanan ing sisih wetan.(Kaimpun saka saakehing sumber)
(Juru Warta Harian Jogja/Yudhi Kusdiyanto)
HARJO CETAK
BRI Peduli Salurkan Masker & Vitamin Lindungi Warga dari Abu Vulkanik