Swara gamelan ngumandhang runtut, ngiringi para pambeksa kang padha mbabar beksan ing gedhong Taman Budaya Ngayogyakarta. Dina Selasa wengi (26/4) wingi, murid-murid Yayasan Pamulangan Beksa Sasminta Mardawa (YPBSM) ngadani pentas beksan kanggo mengeti swargi KRT Sasmita Dipura, kang ora liya mujudake tetungguling YPBSM. (Juru Warta Harian Jogja/Holy Kartika N.S)
Kangone para murid ing Yayasan Pamulangan Beksa Sasmita Mardawa, KRT Sasmita Dipura utawa Romo Sas mujudake guru kang banget nduweni wibawa, ulet, lan pantes dadi tuladha. Rasa tresnane Romo Sas marang beksan lan uga semangate nglestareake beksan gagrag Ngayogyakarta, ora bisa diremehake maneh.
Siti Sutiyah Sasminta Dipura, garwane swargi Romo Sas ngendhika, sakliyane kanggo mengeti Romo Sas kang wus dianggep dadi maestro beksan gagrag Ngayogyakarta, pentas beksan kang diadani uga dadi cara kanggo ngregengake utawa ngobarake semangate Romo Sas ing jagad tari klasik gagrag Ngayogyakarta.
Miturut Kristiadi, salah sawijining sutradara ing pentas tari iku uga ngendika, nalika isih sugeng, Romo Sas tansah nggegulang murid-muride wiwit saka wiwitan nganti para murid bisa nari kanthi apik. “Romo Sas iku mujudake seniman tari kang mumpuni. Akeh beksan kang wus rinipta dening Romo Sas, nggegulang murid, lan sakbajure mbiyantu putra-putra muride cara supaya tansah isa pentas,” ujare Kristiadi.
Pentas beksan ing gedhong Taman Budaya Ngayogyakarta diwiwiti dening siswa cacah pitu saka Yayasan Pamulangan Beksa Sasminta Mardawa (YPBSM) kang mbabar tari kanthi irah-irahan Untukmu Sang Guru. Beksan ini nyritaake nalika para siswa ing Yayasan Pamulangan Beksa Sasmita Mardawa kang lagi padha sinau beksan. Beksan kang rinipta dening Suwantoro, salah sawijining siswa YPBSM.
Sakbanjure uga ana beksan Golek Ayun-ayun, kang mujudake beksan anggitane Romo Sas, beksan Manggala Retna anggitane Siti Sutiyah lan beksa liyane. Beksan Manggala Retna, miturut Siti Suliyah, nyoba nggambarake pituture Romo Sas gegayutane marang para punggawaning praja utawa manggala, supaya tansah dadi punggawaning praja kang apik. Miturut Siti, piwulange Romo Sas iki uga ngemu surasa menawa dadi manggala iku kudu bisa nduweni badan kang sehat lan gelem lelaku prihatin. Sakliyane beksan Manggala Retna, uga ana beksan Klana Topeng, beksan Menak dan Klana Alus Sumyar.
Ing adicara iku, Yayasan Pamulangan Beksa Sasminta Mardawa uga menehi Sasminta Mardawa Award marang RM Dinu Satomo utawa Romo Dinu, kang uga tansah ngupaya lestarine beksan klasik gagrag Jogja. Romo Dinu kang uga nduweni asma KRT Pujaningrat uga kagungan sekolah beksan kanthi asma Yayasan Siswo Among Beksa.
HARJO CETAK
BRI Perkuat Pemberadayaan Ekosistem Diaspora di Taiwan, Dukung PMI Lebih Berdaya
Foto (Harian Jogja/Gigih M. Hanafi)