Wanita mono sejatine nduweni drajat kang luhur, padha kalawan para priya. Ananging merga anane sipat lan tumindak kang deksiya dening para priya, wanita asring dianggep asor, lan amung dianggep dadi kanca wingking utawa rewang. (Juru warta Harian Jogja/Yudhi Kusdiyanto & ST3)
Ing jaman mbiyen, wanita asring amung dianggep dadi kanca wingking utawa rewang. Wanita kang isih mudha uga dianggep ora patut menawa nyambutgawe, sekolah lan nindakake sabarang pagawean kayadene para priya. Malah banjur ana panganggep ala maneh menawa wong wadon iku patute pancen amung masak, macak lan manak utawa nggegulang anak.
Ananging bab iki wiwit ilang, nalika Raden Ajeng Kartini, salah sawijining wanita priyayi, kang ora liya putrane Bupati Jepara, Raden Mas Sostroningrat, nduweni gegayuhan supaya para wanita nduweni drajat pada kalawan para priya. Kanthi perjuangane kang kukuh. Kartini akhire kasil nggayuh apa kang tansah dadi pangimpene iku.
Ing jaman saiki, wanita bisa nyambut gawe, lungguh sejajar kalawan para priya. Ing Indonesia, akeh wanita kang dadi pangembating praja, kayadene camat, bupati, gubernur, mentri, lan uga presiden. Iki bisa dadi bukti menawa wanita bisa nduweni kaprigelan lan kapinteran kayadene para priya, sengguh kalawan apa kang dadi gegayuhane Raden Ajeng Kartini.
Kanggo mengeti apa kang nate diperjuangke Raden Ajeng Kartini, ing saben tanggal 21 April, bangsa Indonesia tansah ngadani pengetan Hari Kartini.
Salah sawijining tokoh pejuang hak-hak perempuan ing Ngayogyakarta, Budi Wahyuni, 36, nalika ditemoni Harian Jogja ngendhika, perjuangane Raden Ajeng Kartini iku sejatine durung kasil. Merga ing jaman saiki, isih akeh wanita kang urip rekasa, lan durung merdika, kayadene kang impen-impene Kartini.
”Apa kang diperjuangke Kartini, durung kabeh kaleksanan. Sing kasil direngkuh nembe saka gebyare, kayadene sandhangan kang mbiyen ngagem kebaya, saiki iso nganggo clana jin utawa kaos. Ananging sejatine, akeh wanita kang isih katindhes,” ngono ngendhikane nalika ditemoni Harian Jogja, Rebo (20/4). Mula saka iku, Budi ngajak para wanita tansah ngupaya lan sinau. ”Aku nduweni pengarep-arep kabeh wanita iku kudu nduweni watak kang kenceng lan ora gampang kapilut dening liyan,” ngono kandhane Budi.
Foto (macfamous.com)
BRI Tumbuh Bersama UMKM, Kredit Rp1.235 Triliun Mengalir untuk Gerakkan Ekonomi