Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Beksan angguk saka Kulonprogo

author
Kamis, 9 Juni 2011 - 08:20 WIB
Beksan angguk saka Kulonprogo
ESPOS.ID - Panduan Informasi dan Inspirasi

Pancasila...
Minangka dasaring negara...


Tembung kang dadi pambukaning tembang iku keprungu antas. Tetembangan iku banjur kasusul swaraning tetabuhan kayadene terbang, jidor, tambur, kecrek lan sapanunggalane kang ditabuh dening para pangrawit.
   
Ora suwe, udakara 12 pambeksa wadon kang ngagem sandhangan kayadene prajurit Kumpeni Walanda uga jumedhul saka mburi panggung.  Sandhangan kang sarwa ireng, rigma kang katutup topi warna ireng, lan clana cendhak kang uga warna ireng, ndadhekake para pambeksa katon bener-bener kayadene prajurit Kumpeni. Sakbanjure, para prajurit iku miwiti mbeksa.
   
Jumbuh kalawan sebutane yaiku tari utawa beksan angguk, para pambeksa iku banjur wiwit mbabar beksan, manthuk-manthuk utawa onggak-angguk. Saperangan pambeksa jejogetan kayadene priya. Ananging suwe-suwe, jejogetan saya beda. Bebarengan kalawan swara tetabuhan lan lelagon kang keprungu kang tansaya rancak, para pambeksa anggone jejogetan uga tansaya mempeng. Kabeh awak kaya melu obah, wiwit sirah, bahu, tangan, sikil lan tekan bokong, kabeh diobahake, dadi beksan kang katon endah.
   
Ing pungkasan, ada pambeksa cacah loro kang ndadi utawa trace. Tansaya suwe, joget kalorone tansaya ora cetha. Sakbanjure, kalorone mangan sesajen kang pancen wus dicawisake.


Saka Bagelen

Ing tlatah Kabupaten Kulonprogo, warga mangerteni beksa utawa tari iki kanthi asma tari angguk. Sesebutan tari angguk iku pancen pas kalawan jejogetan kang ana, yaiku para pambeksa tansah onggak-angguk utawa tansah ngobahake sirahe.  Tekan wektu iku, beksan iki dadi salah sawijining tari khas Kulonprogo kang tetep isih lestari.
   
Durung ana cathetan sujarah kang bisa njlentrehake wiwit kapan tari angguk iki ana. Ananging sing jelas, beksan angguk pancen ora mung ana lan ngrembaka ing tlatah Kabupaten Kulonprogo.
   
Miturut Sri Wuryanti Surajio, salah sawijining seniman tradhisional Kulonprogo kang uga dadi tetungguling sanggar tari angguk Sri Panglaras Kulonprogo, beksan angguk pancen ora mung ana ing Kulonprogo wae. Ing tlatah Kabupaten Purworejo lan Wonosobo ing Jawa Tengah, beksan angguk uga ana lan uga isih lestari.
   
Sri Wuryanti mratelakake, tari angguk kira-kira asale saka Desa Bagelen kang mlebu ing tlatah Kabupaten Purworejo. ”Bagelen mono ora adoh saka Kulonprogo,” ngono kandhane Sri. Ananging, imbuhe Sri, sanggar Sri Panglaras mujudake salah sawijining sanggar kang sepisanan nyoba ngrembakakake tari angguk ing Kulonprogo. ”Wektu iku udakara taun 1991,” ujare Sri maneh.
   
Miturut pangertene Sri, angguk wiwit lumebu ing Kulonprogo nalika taun 1950. Wiwitane, beksan iki mujudake beksan kanggone para wiranom kang biasane dipentasake nalika panen, dadi salah sawijining beksan syukur marang Gusti  Allah. Beda kalawan wektu saiki, nalika iku, kabeh pambeksa tari angguk priya. Ananging wiwit taun 1970, pambeksa ganti dadi wadon, kayadene kang diwiwiti dening sanggar Sri Panglaras, kang wektu iku isih nama sanggar Sri Lestari.
   
Tekan saiki, ora dimangerteni, apa sebabe pambeksa dadi wadon, apa merga komersialisasi kayadene tuntutaning masyarakat utawa pasar, utawa merga sebab liya. Ananging kang cetha, faktor komersial dadi salah sawijining sebab, merga kaanggep pambeksa wadon luwih disenengi tinimbang pamkesa priya. Kanthi dhasar iki uga, Sri wiwit wani ngowahi joget ing tari angguk. ”Tanpa ngowahi lakon, lan amung ngowahi gerakan sithik,” ngono ujare Sri.

Tetep lestari   
Bab lestari lan ngrembakane angguk, miturut Sri Wuryanti, tekan sakiki angguk isih lestari. Bab iki bisa dibuktekake kanti tetep lestarine sanggar sanggar tari angguk Sri Panglaras ing Dusun Pripih, Hargomulyo, Kokap. Ananging bab isi, angguk tansaya suwe pancen tansaya owah. Yen ing jaman mbiyen tari angguk isih dianggep sakral utawa wingit, saiki tari angguk wis dadi beksan kanggo panglipur ati. Yen mbiyen, angguk tansah nganggo tetembangan kang kajupuk saka kitab Barzanji, yaiku kitab kang dianggep suci saka tlatah Arab, ing jaman saiki, tetembangan sipate luwih nasionalis. ”Ananging tetep isih ngaggo basa Jawa,” ujare Sri.
   
Kepala Dinas Kebudayaan, Pariwisata, Pemuda lan Olahraga (Disbudparpor) Kulonprogo, Sarjana, uga nambahi, bab lestarine angguk, pamarentah Kabupaten Kulonprogo tansah ngadani pembinaan kanggo para seniman kang ana ing Kulonprogo, lan tansah ngadani festival kesenian rakyat. Bab iku mono banget penting kanggo ngrembakakake kesenian tradhisional kayadene angguk. “Bab festival kesenian rakyat, nembe wae diadani,” ngono ujare Sarjana. Sakliyane iku, pamarentah uga tansah ngadani promosi wisata kanthi sarana angguk kang wus dianggep  dadi kesenian khas Kabupaten Kulonprogo.
   
Ora beda, Ketua Dewan Kebudayaan Kulonprogo (DKPP), Imam Syafei, uga mratelakake menawa pamarentah ojo mung nggunakake angguk dadi ikon promosi wisata wae, ananging uga kudu ngetokake kawicaksanan utawa kebijakan kanggo nglindungi seni tradhisional Kulonprogo, kayadene angguk. Miturut Imam, bab iki banget diprelokake kanggo nglestarekake kesenian tradhisional kang isih ana ing Kulonprogo.
   
Dene miturut Kepala Seksi Pendidikan Kesenian Pelajar, Joko Mursito, panggulowentah utawa pembinaan marang para seniman, bakune seniman angguk isih terus diprelokake, bakune kanggo generasi mudha. ”Bab pembinaan kanggone generasi mudha, bakune kanggo para siswa ing sekolah, kabeh dipasrahake marang sekolahe dhewe-dhewe, kanthi nglebokake tari dadi salah sawijining muatan lokal,” pungkase Joko.(Juru Warta Harian Jogja/Arief Junianto)

HARJO CETAK

BRI Dorong Pengusaha Ikan Sorong Naik Kelas Lewat Program Klasterku Hidupku

Editor
Budi Cahyono -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id gunung kidul

Perempuan di Nglipar Gunungkidul Meninggal usai Dipatuk Ular Weling

Perempuan berusia 46 tahun di Nglipar, Gunungkidul, meninggal dunia setelah dipatuk ular weling di rumahnya dan sempat dibawa ke sejumlah tempat pengobatan sebelum mendapat penanganan di RSUD Wonosari.

Espos.id bantul

Bengkel Sound System di Banguntapan Digerebek, Diduga Racik Miras Oplosan

Satpol PP Bantul menggerebek sebuah bengkel sound system di Kragilan, Banguntapan, yang diduga menjadi tempat meracik minuman keras oplosan setelah menerima aduan masyarakat.

Espos.id kota jogja

Buruh DIY Nilai UMP 2027 Rp2,72 Juta Belum Penuhi Upah Layak

MPBI DIY menilai UMP 2027 sebesar Rp2.725.000 baru memenuhi 56,31% kebutuhan hidup layak dan menyiapkan advokasi UMK, aksi massa, serta usulan subsidi bagi pekerja berupah minimum.

Espos.id kota jogja

Semangat Inklusivitas dengan Merawat Budaya dalam Perhelatan Jogja Menyapa #7

Semangat inklusivitas terasa kental dalam perhelatan Jogja Menyapa #7 yang digelar Paniradya Kaistimewan DIY di Taman Budaya Embung Giwangan, Umbulharjo, Kota Jogja, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id kota jogja

Yayasan Asa Nusa Latih Perempuan Ubah Sampah Menjadi Berkah dengan Eco-Enzyme

Yayasan Asa Nusa menyelenggarakan kegiatan Pelatihan Eco-Enzyme untuk Pemberdayaan Perempuan dan Lingkungan Berkelanjutan dengan tema “Perempuan Berdaya, Lingkungan Terjaga: Inovasi Eco-Enzyme untuk Ekonomi Sirkular”.

Espos.id kota jogja

Tiga Personel Polda DIY Masuk Patsus Usai Kerusuhan 10 November

Tiga personel Polda DIY diduga melanggar aturan saat mengamankan kerusuhan 10 November 2026. Dua terkait disiplin, satu lainnya kode etik Polri.

Espos.id sleman

Blokade Jalan Babarsari Dibubarkan, Massa Desak Kasus Penganiayaan Diusut

Polisi membubarkan blokade jalan di Babarsari, Sleman, setelah massa mendesak pengusutan penganiayaan pria 31 tahun di sebuah kafe yang berujung luka bacok.

Espos.id kota jogja

Kabar Gembira Pekerja! UMP DIY 2027 Resmi Naik 12,72% Jadi Rp2,72 Juta

Pemda DIY resmi menetapkan Upah Minimum Provinsi (UMP) tahun 2027 naik 12,72 persen menjadi Rp2.725.000. Simak aturan dan rincian sektor UMSP yang berlaku.

Espos.id kota jogja

Pakar UGM Nilai Pembentukan Populasi Kedua Badak Jawa Perlu Kajian Ilmiah

Akademisi UGM menilai pembentukan populasi kedua badak jawa harus dilakukan bertahap dan berbasis kajian ilmiah demi mencegah risiko kepunahan di satu habitat.

Espos.id gunung kidul

Lampaui Target 2026, PAD Sektor Pariwisata Gunungkidul Tembus Rp63,8 Miliar

Hingga pertengahan November 2026, penerimaan retribusi objek wisata tercatat mencapai Rp63,8 miliar atau 100,9% dari target sebesar Rp63,2 miliar.

Espos.id sleman

Sejumlah Orang Bawa Sajam Aniaya Pemuda di Babarsari Sleman, Begini Kronologinya

Keributan terjadi salah satu kafe di kawasan Jalan Babarsari, Caturtunggal, Depok, Kabupaten Sleman. Satu orang mengalami luka-luka dalam kejadian ini.

Espos.id kota jogja

Peras Pemilik Rp5 Juta, Mahasiswa Penemu iPhone 17 di Malioboro Ditangkap Polisi

Seorang mahasiswa berinisial DK, 19, yang merupakan penemu iPhone 17 milik pengunjung di kawasan Malioboro, Kota Jogja, akhirnya ditangkap aparat kepolisian.

Espos.id kota jogja

Dari Klinik Weton hingga E-Sport, Cek Keseruan Jogja Menyapa #7 Akhir Pekan Ini

Melalui Jogja Menyapa #7, Paniradya Kaistimewan mengajak seluruh lapisan masyarakat melestarikan budaya dan memperkuat pemahaman nilai Keistimewaan DIY lewat kolaborasi komunitas budaya, layanan publik, media, dan generasi muda.

Espos.id kulon progo

Bejat! Pria di Kulon Progo Perkosa Anak Kandung Sendiri

Seorang pria berusia 52 tahun diduga memperkosa anak kandungnya di Kapanewon Pengasih, Kabupaten Kulon Progo.

Espos.id kota jogja

Dinyatakan Bersalah, Kepala Sekolah Daycare Jogja Divonis 5 Tahun Penjara

Kepala Sekolah Daycare Little Aresha, Anita Palupi Indahsari, divonis lima tahun penjara oleh majelis hakim Pengadilan Negeri Kota Jogja, Kamis (19/11/2026).

Espos.id kulon progo

Pemda DIY Sediakan Rp200 Miliar untuk Pembebasan Lahan JJLS Kulon Progo

Proses pembebasan lahan untuk Jalur Jalan Lintas Selatan (JJLS) ruas Garongan-Palihan, Kabupaten Kulon Progo, akhirnya dilanjutkan setelah sempat tertunda selama lima tahun.

Espos.id kota jogja

Respons Sri Sultan soal Rencana Barak Militer Dibangun di Hutan DIY

Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwono X, meminta lokasi yang akan digunakan untuk pembangunan barak militer dilihat dan dikaji terlebih dahulu.

Espos.id gunung kidul

Mentan Tinjau Peternakan WMU di Gunungkidul, Soroti Distribusi Ayam dan Telur

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman meninjau fasilitas peternakan PT Widodo Makmur Unggas Tbk (WMU) di Tonggor, Semanu, Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY).

Espos.id kota jogja

Sri Sultan Jelaskan Alasan Foto Gibran Diturunkan dari Kantor Pemerintahan

Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwono X, menjelaskan alasan foto Wakil Presiden Gibran Rakabuming Raka diturunkan dari sejumlah kantor pemerintahan di DIY.

Espos.id bantul

Perbaiki Ekosistem Gumuk Pasir di Parangtritis, 2.400 Pohon akan Ditebang

Sebanyak 2.400 pohon yang ada di zona inti gumuk pasir Barchan, Pantai Parangtritis, Kabupaten Bantul, akan dibersihkan.