regional
Langganan

Tata krama basa kang wiwit ilang

Redaksi  - Espos.id Jogja  -  Kamis, 24 Maret 2011 - 09:14 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

”Nyuwun sewu Pakdhe, kula badhe nderek dhateng wingking.”

”Nyuwun pangapunten Bu, kula badhe ndherek tanglet sekedhap, margi Gang Karonsih menika mapan wonten sisih pundi njih, nyuwun sewu, kula dereng nate mriki.”

Tetembungan ing nduwur katone amung sepele. Ananging yen dirasakake, tembung iku ngemu surasa basa kang banget becik. Sanajan mung sepele, tembung kayadene nyuwun sewu, nyuwun pangapunten lan tembung-tembung liyane kang akeh cacahe, ngemu tata krama lan unggah-ungguh.     
   
Ing masyarakat Jawa, unggah-ungguh mono uga ngemu teges sopan santun, tata krama, lan pakurmatan. Ing jaman saiki, unggah-ungguh lan tata krama, bakune kang sesambungan karo basa, saya suwe wus tansaya luntur. Budaya kurmat kinurmatan, bakune babagan basa krama, tata kramane wong enom marang wong tuwa, tansaya luntur, kalah karo ombyaking jaman kang saya maju. Basa krama kalah kalawan basa gaul kang ora genah asale.
   
Ing Ngayogyakarta, basa Jawa alus, uga diwolak-walik, dadi basa slenk. Kang mrihatinake, ing jaman saiki, basa gaul utawa basa slenk iku luwih gampang ditampa dening nom-noman.
   
Teguh Riyanto, salah sawijining guru basa Jawa ing salah sawijining SMP ing tlatah Jawa Tengah mratelakake, ing wektu saiki, siswa murid luwih seneng sinau basa manca kayadene basa Inggris tinimbang basa Jawa. Akeh siswa kang uga nganggep basa Jawa dadi pelajaran momok. ”Kamangka basa Jawa iku dienggo saben dina merga,” ujare nalika ditemoni Harian Jogja, minggu kepungkur.      
   
Semono uga babagan unggah-ungguh, akeh siswa kang ora mangerteni unggah-ungguh kang becik. Mula saka iku, ing pamulangan, babagan basa lan unggah-ungguh tansah diutamakake.”Sithik mboko sithik, siswa diajari babagan unggah-ungguh lan tata krama basa kang apik,” ujare Teguh maneh.

Luwih gampang   
Ora beda karo ing jagad pamulangan, babagan tata krama basa kang wus saya luntur uga bisa ditemoni ing pasar-pasar. Yen ing jaman mbiyen akeh pawongan kang karep dol tinuku, nyang-nyangan nganggo basa krama alus, saiki, wis angel ditemoni maneh. Isa kanggo tuladha, ing Pasar Beringharjo, Jogja, saiki arang bakul kang gelem nganggo basa Jawa kanggo nawakake dagangane. Saperangan bakul malah seneng ngaggo basa Indonesia, merga dianggep luwih ditampa dening sak sapaa wae. ”Silahkan pilih mas, lihat-lihat dulu ndak apa-apa,” ngono ujare salah sawijing bakul sandhangan bathik ing Pasar Beringharjo, Minggu 20/3) kepungkur, nalika Harian Jogja nyoba ndeleng sandhangan kang didhasarake.          
   
Tatik, salah sawijining bakul ngendhika, dheweke luwih seneng nganggo basa Indonesia nalika nawakake dagangan, merga ora kabeh pawongan kang teka ing pasar Beringharjo ngerti basa Jawa. Dheweke uga ngendhika menawa nganggo basa Indonesia ora ribet kayadene basa Jawa kang kudu nganggo basa krama lan basa krama inggil kanggo ngendhikan karo wong kang luwih sepuh. ”Praktis lan sing jelas ora repot,” ngono ujare Tatik. 

Kemajuan jaman
Owah-owahan bab unggah-ungguh mono ora iso dipisahake kalawan kemajuan teknologi. Ing jaman kang samubarange tansah cepet, ndadekake jagad pasrawungan uga tansaya instan. Sabarang tumindak kudu uga tansah cepet ben ora ketinggalan jaman.
   
Kanthi lumakune waktu lan jaman, owah gingsiring kahanan merga saka majune teknologi ora bisa disuwawa maneh. Sing banget penting saiki, aja nganti owah-owahan jaman ndadekake unggah-ungguh tansaya luntur. Aja nganti budaya Jawa, bakune babagan unggah-ungguh basa lan tata krama, ilang musna kaya basa Jawa kuna kang saiki wis ora dimangerteni maneh.(Juru Warta Harian Jogja/Yudhi Kusdiyanto)

Budi Cahyono - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci :
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif